Thursday, March 19, 2015

PANGAJABING TYANG ALIT

PANGAJABING TYANG ALIT
(minangka kado)

Sugeng Ambal warsa Ngayogyakarta, mugi berkah dalem Gusti tansah sumrambah dhumateng sedaya warga ing tlatah Ngayogya, dalah para tamu wisatawan. Sedaya manggih katentreman saha tansah guyup rukun sesambetan. Lan ing pangajab mugi Nagari Ngayogyakarta saged minangka tuladha tumraping negari Indonesia babagan kerukunan lan sesambetan ingkang raket supeket wontening bebrayan ageng ingkang kebak mawarni-warni suku, agama, budaya.

Dhumateng sedherek-sedherek ingang taksih wontening tataran pamulangan, kita sesarengan saestu mawantu-wantu ngajak, sumangga sesarengan damel tlatah punika dados wewengkon ingkang edi peni, tata raharja jumbuh kaliyan sesantinipun para leluhur lan pinisepuh.

Sampun ngantos wonten kedadosan crah lan prastawa ingkang nuwuhaken dredah ingkang mboten sae ingkang sisip sembiripun dados pasulayan ingkang damel rugi tumrap tiyang kathah.

Dhumateng para pangebating praja, sumangga sesarengan gandheng asta manunggalaken tekad nindakaken pakaryan ingkang sae lan luhur, kanthi nebihi lampah korupsi. Jejibahan agung ingkang dipun pundhi punika sestu dadosa pangatag minangka lampah lan wujud ngabdi dhumateng bumi pertiwi. Inggih ngadi dhumateng sedaya kawula ing Ngayogyakarta, minggahipun dhumateng rakyat Indonesia.

Dhumateng para kadang seniman, sumangga sesarengan kita tunggalaken raos kangge ngedalaken inspirasi ingkang sestu migunani tumraping ewah-ewahan tumuju dhumateng bangsa ingkang nggadhahi budaya luhur, maju lan kompetitif.

Ing wusana, kanthi prastawa ingkang mirunggan punika sumangga sesarengan asesanti, Jaya-jaya wijayanti mugi mukti basuki pinanggih ing wuri.

Katur dhumateng:
Sedaya warga Ngayogyakarta
Condongcatur, 20 Maret 2015

Wednesday, March 18, 2015

                                   Marang Angin dakluru

Marang dakluru lakumu
dimen ayem tentrem mawantu-wantu

Marang angin dakluru esemmu
panggah dadi ing sedyaku
darma bekti mring negari

Marang angin dakluru swaramu
mrih padhang laku jantraku
mamangun pribadi
mrih pinanggih bener tindakku

                                                           Yogya, 19032015