Tuesday, March 22, 2011

Tuladha Laku Utama


Tuladha Laku Utama
Ing jagading pesrawungan asring kita pranggulangi  kahanan kang dadi kawigaten awit bab iki gegayutan marang kepiye amrih sesambungane antarane kabeh pihak keluwarga tinemu harmonis. Akeh kita temoni ing sajroning keluwarga kang asring kedadeyan padudon lan munggahe dadi pasulayan, lan kepara ana uga kang kahanan iku banjur dadi congkrahe sesambungane ing donyane nenikahan.

Amung merga perkara kang ora mbejaji satemah dadi pasulayan dedreg, ing keluwarga kono dumadakan banjur ana "piring terbang" mabur saka njero ngomah mbladhas menculat metu mampir lawang dhisik. iki ora mokal bisa kedadeyan amarga disebabake dening sesambungan utawa komunikasi antarane kekarone pihak kang padha dene mbeguguk kenceng mbela marang prinsipe dhewe-dhewe. Ora ana pihak kang gelem ngalah utawa kanthi sabar lan sareh gelem ndhahar utawa ngrungokake luwih dhisik panemune pihak sijine.

Kedadeyan "perang" iku mau mung disumet saka bab sepele. Yaiku "tembung" kang landhep sing kuwawa nyesep ati pihak liyane. Menawa ora enggal-enggal kahanan mangkene iku dipriksa lan diudhari kanthi rasa ati kang wening lan obet, bisa-bisa akeh maneh keluwarga kang nemoni kahanan ala iku. Sapa kang dadi korbane? Ora ana maneh ya kabeh kang padha ngalami kahanan iku. Malah bisa uga mrembet menyang pihak njaban keluwarga.

Dimangerteni utawa ora, bilih apa kang kita edalake saka lathi iku sejatine tuwuh saka prentule ati kang murni oda bisa diselaki. Awit dene sumbering wicara iku asli saka ati (pikiran) kang banjur diwujudake dadi swara lantaran lathi kang dadi pirantine. Lagi krana batin wae kabeh samubarang kang kita pikir iku wis dadi pancaran gelombang frekuensi kang mahanani tumrape pihak liya. Menawa ing batin ngudarasa barang utawa kahanan kang ala, sabanjure uga menehi pangaribawa kang ora becik. Semono uga pikiran kang becik lan manis uga mahanani samubarang kang apik tumrape liyan. Mulane ora mokal menawa apa kang sinebut donga menawa pancen diniati kanthi tenanan bisa dadi mujarab. Awit ing kene sejatine dadi bukti menawa pikiran lan wicara (ucapan) iku pancen gedhe sawabe. Mula aja gampang sepata! Pamggresulan iya semono uga mangaribawani tumrap apa wae kang ana ing sakiwa-tengene dadi sumbering kasedhihan.

Perlu dibiasakke mikir lan nglimbang-nglimbang
Kanyatane kebiasaan kang kita lakoni durung kabeh nuduhake utawa dadi bahan kang menehi sumbangsih tumrape mujudake owah-owahan kang positip kanggo keluwarga. Perlu kawigaten kang mligi diemenake supaya ngupakara pikiran sadurungne kawedal ing lathi.

Perlu diwanuhake bilih frekuensi kang dipancarake saka pikiran (gelombang otak) iku duwe daya kang ngedab-edabi. Menawa katon kata dene banyu mono, gampang angggone nangulangi supaya ora nemahi tumrape liyan kanthi menehi tambak utawa bendungan. Nanging menawa frekuensi gelombang otak? Wehh...ora kena dienggo dolanan. Coba panjenengan nlesih-nlesih. Siaran radio iku bisa katampa senajan kaalingan utawa katetegan dening tembok omah ta? Nyatane panjenengan sami bisa middhangetake siaran radio, senajan ana ing sajroning omah gedhong kang rapet. Iku uga mujudake pancaran gelombang frekuensi, kaya dene pancaran gelombang otak.