Thursday, March 19, 2015

PANGAJABING TYANG ALIT

PANGAJABING TYANG ALIT
(minangka kado)

Sugeng Ambal warsa Ngayogyakarta, mugi berkah dalem Gusti tansah sumrambah dhumateng sedaya warga ing tlatah Ngayogya, dalah para tamu wisatawan. Sedaya manggih katentreman saha tansah guyup rukun sesambetan. Lan ing pangajab mugi Nagari Ngayogyakarta saged minangka tuladha tumraping negari Indonesia babagan kerukunan lan sesambetan ingkang raket supeket wontening bebrayan ageng ingkang kebak mawarni-warni suku, agama, budaya.

Dhumateng sedherek-sedherek ingang taksih wontening tataran pamulangan, kita sesarengan saestu mawantu-wantu ngajak, sumangga sesarengan damel tlatah punika dados wewengkon ingkang edi peni, tata raharja jumbuh kaliyan sesantinipun para leluhur lan pinisepuh.

Sampun ngantos wonten kedadosan crah lan prastawa ingkang nuwuhaken dredah ingkang mboten sae ingkang sisip sembiripun dados pasulayan ingkang damel rugi tumrap tiyang kathah.

Dhumateng para pangebating praja, sumangga sesarengan gandheng asta manunggalaken tekad nindakaken pakaryan ingkang sae lan luhur, kanthi nebihi lampah korupsi. Jejibahan agung ingkang dipun pundhi punika sestu dadosa pangatag minangka lampah lan wujud ngabdi dhumateng bumi pertiwi. Inggih ngadi dhumateng sedaya kawula ing Ngayogyakarta, minggahipun dhumateng rakyat Indonesia.

Dhumateng para kadang seniman, sumangga sesarengan kita tunggalaken raos kangge ngedalaken inspirasi ingkang sestu migunani tumraping ewah-ewahan tumuju dhumateng bangsa ingkang nggadhahi budaya luhur, maju lan kompetitif.

Ing wusana, kanthi prastawa ingkang mirunggan punika sumangga sesarengan asesanti, Jaya-jaya wijayanti mugi mukti basuki pinanggih ing wuri.

Katur dhumateng:
Sedaya warga Ngayogyakarta
Condongcatur, 20 Maret 2015

Wednesday, March 18, 2015

                                   Marang Angin dakluru

Marang dakluru lakumu
dimen ayem tentrem mawantu-wantu

Marang angin dakluru esemmu
panggah dadi ing sedyaku
darma bekti mring negari

Marang angin dakluru swaramu
mrih padhang laku jantraku
mamangun pribadi
mrih pinanggih bener tindakku

                                                           Yogya, 19032015

Tuesday, January 3, 2012

Monday, January 2, 2012

Video Natal

Ing sasi Desember tahun 2011 kepungkur warga umat kristen ing GKJ Rewulu Pepanthan Gancahan VIII ngadani kebaktian lan perayaan kang disengkuyung dening warga sakiwa-tengene. Perayaan kang diadani tanggal 25 desember kasebut lumaku kanthi lancar lan becik. Ing kono uga dirawuhi dening tokoh masyarakat wilayah kasebut. Miturut ketua panitia perayaan, Sarjiman, S.IP perayaan natal ing tahun ini pancen disengaja diadani  ing wayah esuk yaiku jam 09:00 wib sipaya masyarakat lan jemaat kang bakal ndherek kebaktian lan perayaan ora kaganggu dening udan. Awit miturut dheweke ing wulan desember pancen udane kerep banget. Lan supaya ora ana kedadeyan kaya tahun-tahun kepungkur kang njalari ana kang nganti kecemplung ing selokan sakngarepe greja awit banyu banjir nutupi dalan.


Ngiras pantes ngayari mebeler greja kang wis kasil kasembadan diwujudake minangka ganti kursi kang lawas lan wis rusak. Ana ing acara iku diisi kanthi mawarna-warna kegiatan, kayata: lomba cerdas cermat alkitab, lari belut lan uga diramekke kanthi taria-tarian dening anak-anak sekolah minggu. Wondene video kagiatan iku bisa panjenengan priksani ana ing link iki.

Tuesday, September 6, 2011

Warta Gancahan Wolu

Warta kang bakal dakaturake iki ngenani kahanan ing Dhususn Gancahan VIII kang nembe wae ngadani perayaan HUT RI kang kaping 66. Ana kalodhangan iku kabeh warga masyarakat ing Gancahan VII padha guyub rukun, gugur-gunung tembayatan mamangun rahayuning sesami, kaya kang katulis minangka logo warga RT 4 RW 18 Dusun Gancahan VIII yaiku MAMANGUN RAHYUNING SESAMI. pancen surasa saka tulisan kasebut mung cendhak, nanging menawa dirasakake ngemot teges lan pengarep-arep kang endah lan jero. Kang wosing pamrih supaya tetep lesatari anggone padha mbangun kerukunane kabeh warga kang kalebu ing wewengkon ing Gancahan VIII. Wujud gendhuren bebarengan kang diadani iku mingka tetelan dene ing Dusun Gancahan VIII iku ana conto urip kang endah, senajan maneka warna agama lan werna-werna atribut kebangsaan nanging pranyata iku ora dadi pepalang kanggo mujudake kerukunan lan urip bebarengan.
Agama dudu maneh minangka alat kang dadi pepalang jroning urip bareng ing Indonesia, nanging malah sewalike dadi sarana kanggo ngejawantahke peparinge Gusti kang dadi hak-e saben titah ing donya iki, yaiku:kamardikan. mardika kanggo urip, mardika kanggo milih lan nemtokake.Video Gendhuri Bareng Gancahan VIII
Video liyane kang bisa panjenengan pirsani Mozes Radite Suluh Keluarga Adalah Istana  Arus Listrik Searah
Motor 4 Langkah

Monday, April 11, 2011

About Javanese Language in Puppets

About the Javanese culture is full of many things that philosophy to educate the character and behavior to create a cultured and wise man.
The puppet is told also that the beauty of the puppet kingdom in an environment that reflects the greatness of the kingdom with all wisdom and beauty of the kingdom. In revealing the story of puppets, there is a palace of a king identified as a symbol of luxury. "akik bang jejubinan" is the atmosphere of the floor that was covered with sparkling red stone. "Akik" marble means very expensive. "Bang" comes from the word "abang" and red means "Jejubinan" meaning as flooring base. How wonderful atmosphere of the palace once more disclosed by puppeteer to bring viewers into the mystical and romantic atmosphere with all the sanctity of the palace.
The Narpati is another term for king. "Narpati = narapati = buminata" all contain the same meaning that is king.

Tuesday, March 22, 2011

Tuladha Laku Utama


Tuladha Laku Utama
Ing jagading pesrawungan asring kita pranggulangi  kahanan kang dadi kawigaten awit bab iki gegayutan marang kepiye amrih sesambungane antarane kabeh pihak keluwarga tinemu harmonis. Akeh kita temoni ing sajroning keluwarga kang asring kedadeyan padudon lan munggahe dadi pasulayan, lan kepara ana uga kang kahanan iku banjur dadi congkrahe sesambungane ing donyane nenikahan.

Amung merga perkara kang ora mbejaji satemah dadi pasulayan dedreg, ing keluwarga kono dumadakan banjur ana "piring terbang" mabur saka njero ngomah mbladhas menculat metu mampir lawang dhisik. iki ora mokal bisa kedadeyan amarga disebabake dening sesambungan utawa komunikasi antarane kekarone pihak kang padha dene mbeguguk kenceng mbela marang prinsipe dhewe-dhewe. Ora ana pihak kang gelem ngalah utawa kanthi sabar lan sareh gelem ndhahar utawa ngrungokake luwih dhisik panemune pihak sijine.

Kedadeyan "perang" iku mau mung disumet saka bab sepele. Yaiku "tembung" kang landhep sing kuwawa nyesep ati pihak liyane. Menawa ora enggal-enggal kahanan mangkene iku dipriksa lan diudhari kanthi rasa ati kang wening lan obet, bisa-bisa akeh maneh keluwarga kang nemoni kahanan ala iku. Sapa kang dadi korbane? Ora ana maneh ya kabeh kang padha ngalami kahanan iku. Malah bisa uga mrembet menyang pihak njaban keluwarga.

Dimangerteni utawa ora, bilih apa kang kita edalake saka lathi iku sejatine tuwuh saka prentule ati kang murni oda bisa diselaki. Awit dene sumbering wicara iku asli saka ati (pikiran) kang banjur diwujudake dadi swara lantaran lathi kang dadi pirantine. Lagi krana batin wae kabeh samubarang kang kita pikir iku wis dadi pancaran gelombang frekuensi kang mahanani tumrape pihak liya. Menawa ing batin ngudarasa barang utawa kahanan kang ala, sabanjure uga menehi pangaribawa kang ora becik. Semono uga pikiran kang becik lan manis uga mahanani samubarang kang apik tumrape liyan. Mulane ora mokal menawa apa kang sinebut donga menawa pancen diniati kanthi tenanan bisa dadi mujarab. Awit ing kene sejatine dadi bukti menawa pikiran lan wicara (ucapan) iku pancen gedhe sawabe. Mula aja gampang sepata! Pamggresulan iya semono uga mangaribawani tumrap apa wae kang ana ing sakiwa-tengene dadi sumbering kasedhihan.

Perlu dibiasakke mikir lan nglimbang-nglimbang
Kanyatane kebiasaan kang kita lakoni durung kabeh nuduhake utawa dadi bahan kang menehi sumbangsih tumrape mujudake owah-owahan kang positip kanggo keluwarga. Perlu kawigaten kang mligi diemenake supaya ngupakara pikiran sadurungne kawedal ing lathi.

Perlu diwanuhake bilih frekuensi kang dipancarake saka pikiran (gelombang otak) iku duwe daya kang ngedab-edabi. Menawa katon kata dene banyu mono, gampang angggone nangulangi supaya ora nemahi tumrape liyan kanthi menehi tambak utawa bendungan. Nanging menawa frekuensi gelombang otak? Wehh...ora kena dienggo dolanan. Coba panjenengan nlesih-nlesih. Siaran radio iku bisa katampa senajan kaalingan utawa katetegan dening tembok omah ta? Nyatane panjenengan sami bisa middhangetake siaran radio, senajan ana ing sajroning omah gedhong kang rapet. Iku uga mujudake pancaran gelombang frekuensi, kaya dene pancaran gelombang otak.