Tuesday, June 15, 2010


Monday, May 17, 2010

Raden Antasena


Raden Antasena
satria gagah kang duwe watak jujur, tegen mugen, setya marang kabeneran, wani marang sakehing tumindak nyasar kleru. Sapa wae sing tumindak salah dheweke wajib ndandani. Satria kang ginadhuhan pusaka sungut lan upas iki asil saka nenikahane Raden Werkudara (Ramane) lan Dewi Urangayu (Ibune). Bebarengan klawan raden Wisanggeni nalika perang Bharatayuda meh kawiwitan dheweke rila mati minangka srana mulyakake para pepundhene ing Amarta. Titis sakehing laku alus, lan lelembut, jajalanat. Aja meneh amung lakune jim setan prahyangan, snajan to dewa pisan lamun tumindak nalisir saka bebener mesthi wurung sedyane lamun klakon kapethuk Raden Antasena.

Wednesday, April 7, 2010

Driji iku ngemu Piwulang



Driji manungsa cacahe ana lima aran: Jempol, Penuding, Temunggul, Manis lan Jenthik.
Menawa kadeleng saka ukuran driji mau cetha menawa beda-beda mungguh ukurane. Jempol wujude cendhak lan lemu,
wondene sisihe ana Penuding luwih dawa tinimbang jempol, Sabanjure kang diarani Temunggul mula diarani temunggul
amarga dadi tetungguling para driji awit pancen paling dawa. Lan banjur kajejeran dening Manis, para juru paes mapanake ali-ali ana ing kene.
Lan sing paling wragil kasebut Jenthik iki dadi perangan sing paling cilik dhewe lan ana ing pinggir.

Kabeh driji mau anduweni watak lan gunane dhewe-dhewe. Nanging ora bakal padha nyambut-gawe ijen. Kabeh pakaryan kang diemban
dening tangan bisane kelakon lan sampurna kudu disangga dening driji lima iku. Contone menawa awake dhewe arep nyekel barang,
kalima-limane banjur padha nyekethem amrih barang mau ora tiba.

Driji lima ngemu piwulang marang manungsa mungguhe pasemon, Sing gedhe dhewe tetep mbutuhake marang sing cilik. Semono
uga sing paling dhuwur ya tetep gelem nyandhing marang sing cendhak. Mangkono uga mungguhing urip, conto perangane driji mau
dadi tuladha tumrap manungsa, yaiku tansah sesambetan marang liyan ndadekake kekuwatan kanggo nggayuh apa kang kakarepake.

Lan kabeh mau merga ora ana kang nganggep menawa salah sijine driji iku kang mrantasi gawe.
Jempol bisa diwerdekake pasemon "apik" utawa kabecikan. Mulane menawa ana kedadeyan kang apik kita banjur ngacungake jempol.
Barang kang ala utawa becik bisane dimangerteni awit katuduhake dening Penuding, mula penuding uga ana werdine nuduhake marang
babagan kang becik. Lha kanggo nggayuh marang kekarepan mau kudu ana sing dadi Tetunggule karya, iya bisa uga kasebut dadi "koordinator"
operasional. Dudu sing nguwasani, nanging Temunggul iku ngemu teges mandhegani ana ing jejibahan mau. Supaya bisa kalampah "Manis"
utawa enak kepenak. Mulane driji manis dipaesi nganggo ali-ali emas, nduweni teges pakaryan kang diemban menawa wis kasembadan
nuli nuwuhake kahanan kang krasa manis. Endah, enak, kepenak, selaras. harmonis. cocok lan liya-liyane.

Jenthik iku senajan mung cilik nanging menehi tambahan daya kekuwatan, mula papane ana ing pinggir supaya dadi piwulang "aja minggirake wong cilik" tegese aja nyepelekake marang sing cilik. Jenthi iku mapan cedhak marang driji manis, tegese menawa ta wong cilik iku mung mbutuhake kahanan kang manis. Kahanan manis iku bisa diwerdekake: karaharjan, kamulyan, kacukupan, katentreman, keharmonisan,
lan isih akeh maneh kahanan kang manis.)*

Wednesday, January 13, 2010

CUPU MANIK ASTA GINA

CUPU MANIK ASTA GINA

Cupu mungguhing tembung kang lumrah digunakake umum werdine wadhah, yaiku mujudake sawijining barang utawa papan kang dienggo nyimpen utawa deleh barang.
Ing jaman biyen cupu iku dadi sarana kanggo nyimpen barang-barang kang aji. Mulane cupu kasimpen ana ing papan kang primpen supaya ora gampang dideleng lan
dimangerteni dening liyan.

Manik, tegese barang aji kang banget anggone ngrumat supaya barang iku bisa kanggo gawe. Awit manik mono manggone ana paningal. Dadine manik iku minangka sawijining sarana kanggo mriksani marang apa lan sapa wae kang pengin dipriksani. Kapapnanke ana ing perangan sirah kang katutupan dening kulit lan banyu supaya tansah bening lan bisa trewaca menawa ndedeleng.

Asta, wis ngarani tegese tangan. Pigunane kanggo makarya, iya makarya kang becik. Makarya samubarang lir kang bisa ndadekake kamulyan lan karahayone titah.
Mula aja pisan-pisan makarya utawa nindakake laku kang sarak, nakal, sembrana tundhone nyilakani marang sepadha-padha.

Gina, guna utawa manfaat. Wis cetha mungguhing makna.

Cupu manik asta gina ngemu piweling supaya manungsa tansah bisa dadi wadhah kang bisa ndeleng marang liyan, ndeleng marang kabeh kang mujudake piwulang becik.
Sabanjure barang kang becik iku ditindakake (aplikasi) supaya migunani.

Tuesday, January 12, 2010

TESMAK utawa Kaca Tingal

Tesmak, mungguhing barang kang nyata yaiku sawernaning piranti kanggo mbiyantu perangane awak kanggo ndeleng yeku mripat. Tesmak kaperang dadi 2: a) gedhah lan b) wengku.
Gedhah utawa kaca kang kaentha lan kaanggit supaya enak lan kepenak disawang utawa dienggo nyawang. Wondene perangan liyane yaiku wengu utawa blengker kang kagawe saka kawat utawa jenangan kanggo masang gedhah lan kaentha supayane gampang dislempitake ana ing ndhuwur kuping dimen bisa nyangga gedhah mau.
Kanggone wong jawa samubarang kang ana ing donya iku bisa kanggo srana minangka media utawa piranti kanggo nelakake sawijining rasa utawa basa. Mulane ora mokal menawa ana ing tata upacarane wong jawa asring migunakake barang-barang maneka werna kanggo sesaji, jer iku mau minangka basa kanggo dalaning sesambungan utawa minangka pesen kang kudu dijarwakake marang liyan (kalebu marang sesembahane). Contone ana ing upacara manten. Ing sangareping regol utawa tarub mesthi kapasang wit "tebu" awit ing kono ngemu pesen utawa pasemon manteb ing kalbu)=teb-bu). Mula ya mengkono uga tegese kang bakal takjarwakke marang para maos ngenani tesmak iki.

Utawa luwih becik maneh malah para maos njarwakna dhewe werdine tesmak iku hehehe...sugeng anlesih...