Wednesday, April 7, 2010

Driji iku ngemu Piwulang



Driji manungsa cacahe ana lima aran: Jempol, Penuding, Temunggul, Manis lan Jenthik.
Menawa kadeleng saka ukuran driji mau cetha menawa beda-beda mungguh ukurane. Jempol wujude cendhak lan lemu,
wondene sisihe ana Penuding luwih dawa tinimbang jempol, Sabanjure kang diarani Temunggul mula diarani temunggul
amarga dadi tetungguling para driji awit pancen paling dawa. Lan banjur kajejeran dening Manis, para juru paes mapanake ali-ali ana ing kene.
Lan sing paling wragil kasebut Jenthik iki dadi perangan sing paling cilik dhewe lan ana ing pinggir.

Kabeh driji mau anduweni watak lan gunane dhewe-dhewe. Nanging ora bakal padha nyambut-gawe ijen. Kabeh pakaryan kang diemban
dening tangan bisane kelakon lan sampurna kudu disangga dening driji lima iku. Contone menawa awake dhewe arep nyekel barang,
kalima-limane banjur padha nyekethem amrih barang mau ora tiba.

Driji lima ngemu piwulang marang manungsa mungguhe pasemon, Sing gedhe dhewe tetep mbutuhake marang sing cilik. Semono
uga sing paling dhuwur ya tetep gelem nyandhing marang sing cendhak. Mangkono uga mungguhing urip, conto perangane driji mau
dadi tuladha tumrap manungsa, yaiku tansah sesambetan marang liyan ndadekake kekuwatan kanggo nggayuh apa kang kakarepake.

Lan kabeh mau merga ora ana kang nganggep menawa salah sijine driji iku kang mrantasi gawe.
Jempol bisa diwerdekake pasemon "apik" utawa kabecikan. Mulane menawa ana kedadeyan kang apik kita banjur ngacungake jempol.
Barang kang ala utawa becik bisane dimangerteni awit katuduhake dening Penuding, mula penuding uga ana werdine nuduhake marang
babagan kang becik. Lha kanggo nggayuh marang kekarepan mau kudu ana sing dadi Tetunggule karya, iya bisa uga kasebut dadi "koordinator"
operasional. Dudu sing nguwasani, nanging Temunggul iku ngemu teges mandhegani ana ing jejibahan mau. Supaya bisa kalampah "Manis"
utawa enak kepenak. Mulane driji manis dipaesi nganggo ali-ali emas, nduweni teges pakaryan kang diemban menawa wis kasembadan
nuli nuwuhake kahanan kang krasa manis. Endah, enak, kepenak, selaras. harmonis. cocok lan liya-liyane.

Jenthik iku senajan mung cilik nanging menehi tambahan daya kekuwatan, mula papane ana ing pinggir supaya dadi piwulang "aja minggirake wong cilik" tegese aja nyepelekake marang sing cilik. Jenthi iku mapan cedhak marang driji manis, tegese menawa ta wong cilik iku mung mbutuhake kahanan kang manis. Kahanan manis iku bisa diwerdekake: karaharjan, kamulyan, kacukupan, katentreman, keharmonisan,
lan isih akeh maneh kahanan kang manis.)*