Thursday, March 26, 2009

Video

http://www.ziddu.com/download/4027754/GANCAHANVIIIRALLY_2008.mp4.html

Wednesday, February 25, 2009

Wohing Pakarti

Ing sesrawungane wong Jawa ana bebasan, "Ngundhuh wohing Pakarti" kang ngemu teges menawa "apa" wae kang ditindakake dening manungsa iku tetep bakal numusi marang awak dhewe, sedulur, utawa sanak kadang kang isih ana gegandhengan marang kita.
Jan-jane piwulang iki wis ana wiwit rikala bangsa ing tanah Jawa iku ana(lahir). Tumindak becik utawa ala bakal kaundhuh dewe marang kita. Mulane piwulang iku ngajab supaya wong Jwa iku tansah rumaket mring Gusti-ne yaiku Allah Satuhu. Minangka tanda raketing marang Allah diyektekake krana tumindak kang becik. Cilik gedhe kabeh samubarang kang wis dilakoni dening manungsa iku dadi satunggaling energi "daya=bhs Indonesia" kang ora bakal ilang, mulane kudu tansah ngati-ati. Gandhengane tembung "Isih ana langit saknduwure langit". Aja ongas, aja kumalungkung lan aja gumedhe!