Tuesday, September 6, 2011

Warta Gancahan Wolu

Warta kang bakal dakaturake iki ngenani kahanan ing Dhususn Gancahan VIII kang nembe wae ngadani perayaan HUT RI kang kaping 66. Ana kalodhangan iku kabeh warga masyarakat ing Gancahan VII padha guyub rukun, gugur-gunung tembayatan mamangun rahayuning sesami, kaya kang katulis minangka logo warga RT 4 RW 18 Dusun Gancahan VIII yaiku MAMANGUN RAHYUNING SESAMI. pancen surasa saka tulisan kasebut mung cendhak, nanging menawa dirasakake ngemot teges lan pengarep-arep kang endah lan jero. Kang wosing pamrih supaya tetep lesatari anggone padha mbangun kerukunane kabeh warga kang kalebu ing wewengkon ing Gancahan VIII. Wujud gendhuren bebarengan kang diadani iku mingka tetelan dene ing Dusun Gancahan VIII iku ana conto urip kang endah, senajan maneka warna agama lan werna-werna atribut kebangsaan nanging pranyata iku ora dadi pepalang kanggo mujudake kerukunan lan urip bebarengan.
Agama dudu maneh minangka alat kang dadi pepalang jroning urip bareng ing Indonesia, nanging malah sewalike dadi sarana kanggo ngejawantahke peparinge Gusti kang dadi hak-e saben titah ing donya iki, yaiku:kamardikan. mardika kanggo urip, mardika kanggo milih lan nemtokake.Video Gendhuri Bareng Gancahan VIII
Video liyane kang bisa panjenengan pirsani Mozes Radite Suluh Keluarga Adalah Istana  Arus Listrik Searah
Motor 4 Langkah

Monday, April 11, 2011

About Javanese Language in Puppets

About the Javanese culture is full of many things that philosophy to educate the character and behavior to create a cultured and wise man.
The puppet is told also that the beauty of the puppet kingdom in an environment that reflects the greatness of the kingdom with all wisdom and beauty of the kingdom. In revealing the story of puppets, there is a palace of a king identified as a symbol of luxury. "akik bang jejubinan" is the atmosphere of the floor that was covered with sparkling red stone. "Akik" marble means very expensive. "Bang" comes from the word "abang" and red means "Jejubinan" meaning as flooring base. How wonderful atmosphere of the palace once more disclosed by puppeteer to bring viewers into the mystical and romantic atmosphere with all the sanctity of the palace.
The Narpati is another term for king. "Narpati = narapati = buminata" all contain the same meaning that is king.

Tuesday, March 22, 2011

Tuladha Laku Utama


Tuladha Laku Utama
Ing jagading pesrawungan asring kita pranggulangi  kahanan kang dadi kawigaten awit bab iki gegayutan marang kepiye amrih sesambungane antarane kabeh pihak keluwarga tinemu harmonis. Akeh kita temoni ing sajroning keluwarga kang asring kedadeyan padudon lan munggahe dadi pasulayan, lan kepara ana uga kang kahanan iku banjur dadi congkrahe sesambungane ing donyane nenikahan.

Amung merga perkara kang ora mbejaji satemah dadi pasulayan dedreg, ing keluwarga kono dumadakan banjur ana "piring terbang" mabur saka njero ngomah mbladhas menculat metu mampir lawang dhisik. iki ora mokal bisa kedadeyan amarga disebabake dening sesambungan utawa komunikasi antarane kekarone pihak kang padha dene mbeguguk kenceng mbela marang prinsipe dhewe-dhewe. Ora ana pihak kang gelem ngalah utawa kanthi sabar lan sareh gelem ndhahar utawa ngrungokake luwih dhisik panemune pihak sijine.

Kedadeyan "perang" iku mau mung disumet saka bab sepele. Yaiku "tembung" kang landhep sing kuwawa nyesep ati pihak liyane. Menawa ora enggal-enggal kahanan mangkene iku dipriksa lan diudhari kanthi rasa ati kang wening lan obet, bisa-bisa akeh maneh keluwarga kang nemoni kahanan ala iku. Sapa kang dadi korbane? Ora ana maneh ya kabeh kang padha ngalami kahanan iku. Malah bisa uga mrembet menyang pihak njaban keluwarga.

Dimangerteni utawa ora, bilih apa kang kita edalake saka lathi iku sejatine tuwuh saka prentule ati kang murni oda bisa diselaki. Awit dene sumbering wicara iku asli saka ati (pikiran) kang banjur diwujudake dadi swara lantaran lathi kang dadi pirantine. Lagi krana batin wae kabeh samubarang kang kita pikir iku wis dadi pancaran gelombang frekuensi kang mahanani tumrape pihak liya. Menawa ing batin ngudarasa barang utawa kahanan kang ala, sabanjure uga menehi pangaribawa kang ora becik. Semono uga pikiran kang becik lan manis uga mahanani samubarang kang apik tumrape liyan. Mulane ora mokal menawa apa kang sinebut donga menawa pancen diniati kanthi tenanan bisa dadi mujarab. Awit ing kene sejatine dadi bukti menawa pikiran lan wicara (ucapan) iku pancen gedhe sawabe. Mula aja gampang sepata! Pamggresulan iya semono uga mangaribawani tumrap apa wae kang ana ing sakiwa-tengene dadi sumbering kasedhihan.

Perlu dibiasakke mikir lan nglimbang-nglimbang
Kanyatane kebiasaan kang kita lakoni durung kabeh nuduhake utawa dadi bahan kang menehi sumbangsih tumrape mujudake owah-owahan kang positip kanggo keluwarga. Perlu kawigaten kang mligi diemenake supaya ngupakara pikiran sadurungne kawedal ing lathi.

Perlu diwanuhake bilih frekuensi kang dipancarake saka pikiran (gelombang otak) iku duwe daya kang ngedab-edabi. Menawa katon kata dene banyu mono, gampang angggone nangulangi supaya ora nemahi tumrape liyan kanthi menehi tambak utawa bendungan. Nanging menawa frekuensi gelombang otak? Wehh...ora kena dienggo dolanan. Coba panjenengan nlesih-nlesih. Siaran radio iku bisa katampa senajan kaalingan utawa katetegan dening tembok omah ta? Nyatane panjenengan sami bisa middhangetake siaran radio, senajan ana ing sajroning omah gedhong kang rapet. Iku uga mujudake pancaran gelombang frekuensi, kaya dene pancaran gelombang otak.

Sunday, February 20, 2011

Ngenteni Kumambange Watu Item, Sileme Prahu Gabus

Kaya bebasan ing ndhuwur mungguh tegese watu item iku ngemu pasemon menawa nuduhake barang kang atos lunyu, mlisi. Mula mokal dene bisa kumambang ing satengahe toya. Ora ana wong kang bisa ndeleng watu item kumambang ing sakndhuwure banyu.
Dadine bebasan ing ndhuwur iku mratelakake sawijining prekara kang ora bakal dumadi senajan diarep-arep nganti putih kuncunge. Walikane ukara kang uga ngandhut teges sing padha yaiku sileme prahu gabus. Gabus iku barang kang duwe sipat entheng, empuk lan menawa kacegurake menyang ing banyu mesthi bakal kumambang lan ora nyilem.


Wulang bebasan iki arsing dipigunakake dene wong kang ora pracaya maneh marang samubarang kang mokal kedadeyan. Utawa kahanan ati sing wis pasrah bongkokan, mupus, tanpa duwe pangarep-arep maneh.

Wednesday, February 9, 2011

Pasar Ilang Kumandhange

Pasar ilang kumandhange mujudake tembung utawa bebasan kang digunakake minangka mratelakake sawijining kahanan. Teges kahanan ing kene ngemot makna sawijining owah-owahan. Bisa owahan saka kahanan becik tumeka dadi ala utawa sewalike. Nah kahanan iki bisa disebabake dening polah utawa perilaku kang njalari liyan dadi ora seneng. Upamane, ing sakawit sawijine uwong dikenal dening tangga utawa mitra sakiwa-tengene. Ananging merga embuh apa kang dilakoni satemah wong mau dadi punjering kawigaten kang ora nyenengake. Sakparipolahe mung di-embe dening liyan. Tembung2 kang sakawit tansah digugu lan diugemi dening liyan saiki ora digape. Cekake tembung wong mau wis ora dianggep uwong.

Mula supaya kedadeyan iku ora nemahi marang kita, sing ngati-ati anggone tumindak kalebu ngati-ati anggone wicara. Sebab ukara kang kita lesanke senajan miturut awake dhewe iku ora ngenani penggalih, nanging kadhangkala kanggone wong liya sok dadi tembung kang nggawe tatu ing ati.

Ana meneh conto kang kedadean saka kahanan gegayutan karo bandha.
Wong kang dadi sugih mblegedhu ujug-ujug dadi "kere"  unyik. Paribasan ing ndhuwur mau uga bisa ditrepake. Awit wgih mau anggone sugih jalaran saka dalan kang ora bener. Ora bener ing kene tegese: bisa saka prewangan, ngidak liyan, dodolan barang wadi, korupsi, lan liya-liyane. Sing ing sakawit wong mau diajeni lan di-eringi dening liyan merga bandhane, ing kene kahanan dadi sewalike. bisa uga merga wong mau gejodheran anggone tumindak ala. Dadi pokoke saiki wis ngalor-ngidul mung dianggep uwuh. Mulane ya padha sing bener anggone tumindak. Aja srakah, ngangah-angah marang bandha kang dudu dadi duwekke samesthine.
Sumngga para maos tulisan sethithik iki muga dadi bahan kanggo renungan amrih awak tansah diajeni merga apa kang kita tindakke iku bisa dadi srana lumunturing berkah Saka Gusti Allah.












Monday, January 3, 2011

Natalane wong Jawa

Natalane wong jawa uga rame. Pengin mriksani?? Sumangga panjenengan klik ana ing link iki