Sunday, February 20, 2011

Ngenteni Kumambange Watu Item, Sileme Prahu Gabus

Kaya bebasan ing ndhuwur mungguh tegese watu item iku ngemu pasemon menawa nuduhake barang kang atos lunyu, mlisi. Mula mokal dene bisa kumambang ing satengahe toya. Ora ana wong kang bisa ndeleng watu item kumambang ing sakndhuwure banyu.
Dadine bebasan ing ndhuwur iku mratelakake sawijining prekara kang ora bakal dumadi senajan diarep-arep nganti putih kuncunge. Walikane ukara kang uga ngandhut teges sing padha yaiku sileme prahu gabus. Gabus iku barang kang duwe sipat entheng, empuk lan menawa kacegurake menyang ing banyu mesthi bakal kumambang lan ora nyilem.


Wulang bebasan iki arsing dipigunakake dene wong kang ora pracaya maneh marang samubarang kang mokal kedadeyan. Utawa kahanan ati sing wis pasrah bongkokan, mupus, tanpa duwe pangarep-arep maneh.

Wednesday, February 9, 2011

Pasar Ilang Kumandhange

Pasar ilang kumandhange mujudake tembung utawa bebasan kang digunakake minangka mratelakake sawijining kahanan. Teges kahanan ing kene ngemot makna sawijining owah-owahan. Bisa owahan saka kahanan becik tumeka dadi ala utawa sewalike. Nah kahanan iki bisa disebabake dening polah utawa perilaku kang njalari liyan dadi ora seneng. Upamane, ing sakawit sawijine uwong dikenal dening tangga utawa mitra sakiwa-tengene. Ananging merga embuh apa kang dilakoni satemah wong mau dadi punjering kawigaten kang ora nyenengake. Sakparipolahe mung di-embe dening liyan. Tembung2 kang sakawit tansah digugu lan diugemi dening liyan saiki ora digape. Cekake tembung wong mau wis ora dianggep uwong.

Mula supaya kedadeyan iku ora nemahi marang kita, sing ngati-ati anggone tumindak kalebu ngati-ati anggone wicara. Sebab ukara kang kita lesanke senajan miturut awake dhewe iku ora ngenani penggalih, nanging kadhangkala kanggone wong liya sok dadi tembung kang nggawe tatu ing ati.

Ana meneh conto kang kedadean saka kahanan gegayutan karo bandha.
Wong kang dadi sugih mblegedhu ujug-ujug dadi "kere"  unyik. Paribasan ing ndhuwur mau uga bisa ditrepake. Awit wgih mau anggone sugih jalaran saka dalan kang ora bener. Ora bener ing kene tegese: bisa saka prewangan, ngidak liyan, dodolan barang wadi, korupsi, lan liya-liyane. Sing ing sakawit wong mau diajeni lan di-eringi dening liyan merga bandhane, ing kene kahanan dadi sewalike. bisa uga merga wong mau gejodheran anggone tumindak ala. Dadi pokoke saiki wis ngalor-ngidul mung dianggep uwuh. Mulane ya padha sing bener anggone tumindak. Aja srakah, ngangah-angah marang bandha kang dudu dadi duwekke samesthine.
Sumngga para maos tulisan sethithik iki muga dadi bahan kanggo renungan amrih awak tansah diajeni merga apa kang kita tindakke iku bisa dadi srana lumunturing berkah Saka Gusti Allah.