Wednesday, January 13, 2010

CUPU MANIK ASTA GINA

CUPU MANIK ASTA GINA

Cupu mungguhing tembung kang lumrah digunakake umum werdine wadhah, yaiku mujudake sawijining barang utawa papan kang dienggo nyimpen utawa deleh barang.
Ing jaman biyen cupu iku dadi sarana kanggo nyimpen barang-barang kang aji. Mulane cupu kasimpen ana ing papan kang primpen supaya ora gampang dideleng lan
dimangerteni dening liyan.

Manik, tegese barang aji kang banget anggone ngrumat supaya barang iku bisa kanggo gawe. Awit manik mono manggone ana paningal. Dadine manik iku minangka sawijining sarana kanggo mriksani marang apa lan sapa wae kang pengin dipriksani. Kapapnanke ana ing perangan sirah kang katutupan dening kulit lan banyu supaya tansah bening lan bisa trewaca menawa ndedeleng.

Asta, wis ngarani tegese tangan. Pigunane kanggo makarya, iya makarya kang becik. Makarya samubarang lir kang bisa ndadekake kamulyan lan karahayone titah.
Mula aja pisan-pisan makarya utawa nindakake laku kang sarak, nakal, sembrana tundhone nyilakani marang sepadha-padha.

Gina, guna utawa manfaat. Wis cetha mungguhing makna.

Cupu manik asta gina ngemu piweling supaya manungsa tansah bisa dadi wadhah kang bisa ndeleng marang liyan, ndeleng marang kabeh kang mujudake piwulang becik.
Sabanjure barang kang becik iku ditindakake (aplikasi) supaya migunani.

Tuesday, January 12, 2010

TESMAK utawa Kaca Tingal

Tesmak, mungguhing barang kang nyata yaiku sawernaning piranti kanggo mbiyantu perangane awak kanggo ndeleng yeku mripat. Tesmak kaperang dadi 2: a) gedhah lan b) wengku.
Gedhah utawa kaca kang kaentha lan kaanggit supaya enak lan kepenak disawang utawa dienggo nyawang. Wondene perangan liyane yaiku wengu utawa blengker kang kagawe saka kawat utawa jenangan kanggo masang gedhah lan kaentha supayane gampang dislempitake ana ing ndhuwur kuping dimen bisa nyangga gedhah mau.
Kanggone wong jawa samubarang kang ana ing donya iku bisa kanggo srana minangka media utawa piranti kanggo nelakake sawijining rasa utawa basa. Mulane ora mokal menawa ana ing tata upacarane wong jawa asring migunakake barang-barang maneka werna kanggo sesaji, jer iku mau minangka basa kanggo dalaning sesambungan utawa minangka pesen kang kudu dijarwakake marang liyan (kalebu marang sesembahane). Contone ana ing upacara manten. Ing sangareping regol utawa tarub mesthi kapasang wit "tebu" awit ing kono ngemu pesen utawa pasemon manteb ing kalbu)=teb-bu). Mula ya mengkono uga tegese kang bakal takjarwakke marang para maos ngenani tesmak iki.

Utawa luwih becik maneh malah para maos njarwakna dhewe werdine tesmak iku hehehe...sugeng anlesih...